Awan iku sardot arep dolan nang omahe pacare juminten..

Sardot njur numpak motore,.

Teko tengah dalan,Sardot mampir nang tokone pakde sodron golek
rokok.

Sardot :tuku rokok-e pakde sak bungkus regane piro.?

Sodron :nyoh iki..regane 10 ewu wae..arep nang ndi tow le?

Sardot :biasa pakde..arep dolan nang gone pacarku..ngomong ngomong ono K*nd*m ora pakde..
Tak tukune sekalian kanggo
persiapan..

Sodron :weladalah.,kowe kuwi isih cilik durung pantes tuku barang yok
ngono…

Sardot :ealah pakde…jan sampean iku ora gaul blas…pacran jaman sak’iki bedo karo jamane sampean,..

Sodron :nyoh…iki barange..
Sardot njur budal,ora suwe sardot balik nang warunge pakde sodron
maneh..

Sodron :ealah kowe maneh…

Sardot :iyo pakde..ono coklat ora pakde..rencanane coklate arep tak
wenehne ibune pacarku..ibune pacarku iku najan umure tuo tapi wajahe isih ayu lho pakde..meneng
meneng aku ugo naksir lho..

Sodron :edan tenan kowe le, anak’e wis mbok pacar malah sak’iki ibune
sing arep di embat..
Nyoh iki coklate..

Sardot njur budal nang omahe pacare juminten..

Tekan omahe juminten, sardot njur ngobrol nang ruang tamu karo juminten ugo karo ibune juminten.

Ora suwe, Bapakne juminten muleh seko mergawe…

Juminten :mas sardot..kenalke iki bapakku mas..

Sardot njur ndingkluk

Juminten :mas…kenalke iki bapakku jenenge BAPAK SODRON..

Sodron :bune..tulung jupukno parangku diluk..sing wingi bar tak gawe nyembelih wedhus kae lho
bune…

Sardot langsung mblayu
mulih….

(dari : http://www.facebook.com/pages/PUSATE-PARIKAN-DAGELAN-WONG-JOWO/252222938154235)